I make a dialog in bahasa jawa (java language) about work devote. This is a homework a bahasa jawa subject in my school. Hopefully you can understand the mean yeahhh…
Nurdin : “Pak, mau Pak Kamituwa tindak ngeneh. “
Bapak : “Jam pira ?”
Nurdin : “Nembe bae, kira-kira setengah jam mau.”
Bapak : “Kayane ana karep apa ?”
Nurdin : ”Anu, pak. Ngendikane Pak Kamituwa ana dhawuh sekang nduwuran nek ngesuk-esuk warga dusun Sale tampa giliran kerja bakti.”
Bapak : “Ngesuk-esuk ?”
Nurdin : “Iya Pak. Kumpul nang daleme Pak Kamituwa jam enem di dhawuhi ngawa alat.”
Bapak : “Jam enem. Apa ora kesuken ?” ” Wah, pancen sakake tenan. Nek mangsa rendheng mesthi jebol.”
Nurdin : “Tanggul kali Kowang, Pak?”
Bapak : “Ya kuwe. Saben rendheng mesthi jebol.”
Nurdin : “Ya Pak ?” Sekolahanku uga wis nampa dhawuh sekang kecamatan, bocah-bocah kadhawuhan ngawa karung. Bocah siji setitike ngawa siji.
Bapak : “Kowe Apa wis numpuk?”
Nurdin : “Wis wingi aku numpuk loro, sing maringi Ibu.”
Bapak : “Sukur wiis numpuk ! Pokoke nek ana dhawuh apa bae sing ana gadhen cenenge karo perkara tetulung kuwe sing cekat-ceket. Aja diendhe-endhe.
Nurdin : “Iya, Pak. Dina kiye mau nang sekolahanku wis ngumpulna karung kira-kira wolung ngatus lembar. Karo kanca pengurus OSIS terus diaturaken maring kecamatan.
Bapak : “Wah, ya akeh kuwe. Mesthine karung kuwe ngesuk wis tekan panggonane bapak kerja bakti kuwe.”
Nurdin : “Mesthine kaya kuwe, Pak.”
Bapak : “Karung kuwe ngesuk diiseni wedi terus ditata kanggo nambal sa tanggul sing ambrol kuwe. Umumme wong desa Sale sing pada manggon ing sakiwa tengene kali Kowang kuwe nek arep mangsa rendheng atine ora ayem, ketar-ketir terus.”
Nurdin : “Tujune warga dusun liayane pada entengan ya, Pak. Saben ana tanggul jebol banjur melu cancut kerja bakti.”
Bapak : “Kuwe wis dadi watake bangsane dhewek.Seneng tulung karo sapa bae sing butuh diwehi tetulungan. Panandhange wong liya, anggepane ya panandhange dhewek, wong liya susah, melu susah. Wong liya sengsara, gagean urun bau sikil, iguh pratikel kanggo ngenteng-ngentengaken wong sing lagi sengsara.”
Nurdin : “Ngesuk minggu jam sanga, kanca-kanca Pramuka uga aarep kerja bakti maring Kowang, Pak. Mbok menawa isih ana perkara sing perlu direwangi mbener-mbeneraken.”
Bapak : “Ya sukur, nek bocah-bocah wis gelem mikir nganti tekan semono.”
Nurdin : “Ya, Pak!”
Filed under: My School Project | 3 Comments »